Pidato Bahasa Jawa Tema Sumpah Pemuda
Assalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro bapak,
ibu lan ugi sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Monggo kito sedoyo ing dalem
wakdal ngengeti dinten sumpah pemuda tahun;niki kito raos syukur dumateng
ngersanipun Allah swt., ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo
wakdal niki saget kempal lan ndugeni acara ngengeti dinten niki kanti sehat wal
afiyat.
Kito sedoyo,
khususipun poro mudo-mudi wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten
sumpah pemuda. Dados sumpah pemuda niki saben tahun dipun ngengeti tepatipun
tanggai 28 ing wulan Oktober. Lan penting sanget wakdal ngengeti dinten sumpah
pemuda tahun niki kangge kito sedoyo inggih meniko kito kedah saget mundut
hikmahipun. Milo saking niku monggo kulo lan panjenengan sedoyo niki tansah
iman lan takwa dumateng Allah swt., dene punopo kito sedoyo wakdal niki sampun
katah sanget pemuda lan pemudinipun ingkang belajar wonten perguruan tinggi,
nopo niku wonten Sl lan langkung-langkung wonten sarjana kalihipun, ugi wonten
sarjana tigo. Niki ngerupekaken pertanda lan bukti mbok beleh pemuda lan pemudi
bangsa Indonesia sak mangke sampun podho pinter lan sregep anggenipun sinau.
Lan kito sumerap mbok beleh pemuda dinten niki ngerupekaken ingkang nyepeng lan
mimpin benjang. Kados pengendikane ahli syair Arab :
“ SYUBBAANUL
YAUMI RIJAALUL MUSTAQBALI”.
Artosipun : “Pemudo dino iki bakal dadi pemimpin dino
esuk. ”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Dados pemuda
niku kedah mados ilmu langkung katah mados ilmu pengetahuan umum
langkung-langkung ilmu agami. Gesa-ngipun pemuda kedah kelawan ilmu lan ugi
raos takwa dumateng Allah swt. Perkawis niki sampun dipun pengendikak-aken
dumateng Imam Syafi’i:
“HAYAATUL FATAA WALLAAHU BIL ‘ILMIWATTUQAA WA IDZAA
LAM YAKUUNAA LAAI TIYAARAN LIDZAATIHI”.
Ingkang artosipun : “Uripe pemuda iku demi Allah kudu
kanti ilmu lan takwa marangAllah, menawi karo-karone iku kosong berarti pemuda
iku ora ono (yaiku pemuda iku boten wonten artine).”
Milo saking niku pemuda ing dalem gesangipun saben
dinten niki kedah mados ilmu lan estu-estu takwa dumateng Allah.
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Kangge nutup sambutan kulo niki, kulo bade nyampekaken
ikrari-pun lan isi saking sumpah pemuda wakdal kongres kaping kalih, inggih
meniko :
* Kamiputro lan putri bangsa Indonesia bertanah air
satu tanah air Indonesia.
* Kami putro lan putri bangsa Indonesia berbangsa satu
bangsa Indonesia.
* Kami putro lan putri Indonesia berbahasa satu bahasa
Indonesia.
Akhiripun, mugiyo kito sedoyo niki dados pemuda
ingkang kreatif lan sregep anggenipun mados ilmu.
Akhirul kalaam. Wassalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh
0 komentar:
Posting Komentar