Pidato Bahasa Jawa Tema Perpisahan
Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak -
Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang
kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng
Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan
kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten
ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9
ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru
ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika
ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun
ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara
menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten
sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh
wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan
ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso
ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe
nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun
kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah
nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan
rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih
menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb
0 komentar:
Posting Komentar